Negoro Rusak
Mbuh iki, negoro arepe di gawa neng ngendi? Lha saiki para anggota DPR sing terhormat, malah gawe ada ada,
saiki arepe digawe aturan, bekas bromocorah bekas wong ukuman oleh dadi anggota dewan lan oleh dipilih.
lha nek panemuku, lha wong tonggoku wae, siang arepe nglamar dadi tukang parkir neng mall, kudu nggawe SKKB, kudu ora pernah diukum.
Lha saiki , wong sing arepe gawe aturan, arepe gawe regulasi, kok malah wong sig wes pernah ke ukum, wes tau nglakoni pegawean sing ora bener lan diukum, kok malah dipromosi dadi anggota dewan lan oleh kepilih…
Opo ben mengko, nek kepilih, ben iso nyolong meneh, korupsi meneh lan sing ada ada, sing usul aturan iki (ngolehi wong bekas ukuman oleh dadi dewan) njur di wenehi bagean???
ketoke ngono, tulung tinulung mring podho podho malinge
