Sopo Sing Gelem Milih Aku?

April 20, 2009

Sopo sing gelem milih aku??

Bakale tak wenehi papan tulis, kanggo nulis

bakal tak wenehi klambi gratis, bakal tak wenehi cagak listrik, tak wenehi dhuwit, tak wenehi opo ae, sing penting gelem milih aku, nyontreng aku.

Soo sing gelem milih aku, bakal dadi kancaku, bakal dadi sedulurku, bakal kaleksanan opo sing dadi karepe

Sopo sing gelem milih aku, yen wadon tak dadekne bojo, yen lanang tak dadekne dulur lanang,

wehehehehe

January 29, 2009

Akhire mbah atmo glendem boyongan neng wordpress dot kom, dadine saiki mbah atmo glendem arepe ngeblog neng http://atmoglendem.wordpress.com,

mugo sanak lan kadang tetep iso makumpul meneh, ngoyoworo lan adol umuk neng wordpress :)

Ora iso ngomong babagan bajingan israel

January 5, 2009

Aku wes gak iso ngomong opo opo saiki..
lha piye, ndelok kahanan ning tipi2, neng al jazeera english, neng detik dot kom, neng okejon dot kom

bocah cilik dadi korban, wong wadon podho dipateni, rumah sakit di bom, negoro arap meneng wae !!

malah negoro ku sing adoh ora mekakat iki isih iso suluk, kanggo ( mung trimo) demo, ora sarujuk karo polah tingkahe israel, negoro bajingan jejeluk Israel.

Negoro sing didekne kanthi crito dongeng sing wes terkenal, yo iku crito holokos, 

goro goro crito iku, wong wong palestina sing dadi korbane, goro goro dongen iku, sopo wae sing wani ngomong babagan holokos neng jerman mesthi diukum, lan goro goro kuwi, awit tahun 48 sampek saiki, negoro timur tengah ra tau aman.

nangin, ketoke, sing paling guooblog ra mekakat yo Arap lan sak panunggalane iku, sugih, nanging yo sugih goblogg!! kanggo ben negorone aman, arap iku tiyap tahun kudu ngimpor omben omben sing jarene dekne harom, nanging  yo diimpor kanggo nyediani tentara tentara asing sing nunggu teluk, .

Goblog jalaran kakehan duwit, lan goblog jalaran ora gelem moco blog ku iki

.

Sepisan maneh, sing isih duwi isin lan agama, ayo podho ndongakne korban korban sing ora salah neng palestina. 

Mesakne sing wes kanggo tuku nomer urut

December 23, 2008

Mesakne aku, krungu kabar yen MK ngabulke permohonan uji materi babagan nomer urut karo jumplah suara  sing aling akeh kanggo nentokne dadi orane caleg. Lha ra mesakne piye? lha wong biasane, partei pertei gedhe kae, sing wernane nyolok moto, nyulek mripat kae, wes jamak lumrah dodolan nomer kanggo nyokong biaya kampanye.

dadi jaman biyen, yen pingin dadi caleg nomer urut siji, utowo calon dadi, kudu mbayar semene, kudu mbayar semono, kudu mbayar piro piro ngono ngant juta-jutaan..

wes, ben, saiki  ben podho tangisan sing wes tuku nomer

Rizal Malarangeng, Klilipen lan dodolan gambar !!

August 8, 2008

Biyuh biyuh…

motoku klilipen tulisan iku sak enggon enggon..

neng dalan gatsu, gambar guedhe guedhe, tulisane podo :

ip nderis e will, nderis e wey..

lha aku yo bingung, trus iku gunane opo yo???

lha neng kompas jugak di pampang, iklan gedhen gedhen, tulisane podho.

lha aku bingung, wong sing pasang gambar lan iklan iku sugih temen yo?? sampek iso nuku iklan neng kompas sak halaman penuh, trus pasang baliho sak enggon enggon neng dalan dalan protokol ibukota…

lha, yen biaya pasang iklan iklan iku disumbangne, kanggo wong wong sing arepe milih dekne, kiro kiro gelem ora yo???

Jaksa Gendheng, Negoro Rusak

June 18, 2008

Aku mules lan arepe muntah krungu omongane jaksa sing wes kerekam karo KPK kae. Iku lho omongane Kemas karo artalita,

Lan aku gemes, kok pingin nggepuki jeksa kuwi yo! pingin tak antemi, lha piye ora kudu digepuki koyok maling, duwit pajek sing tak bayar angel angel , mung gawe mbayari garong sing jeneng jeksa iku. Mugo Mugo ora slamet donya akherate Kisanak.
Lha wong jeksa kok koyok maling ngono.

Usulku, gawe mbrantas korupsi neng daerah birokrasi:

  1. sakdurunge dilantik, kudu disumpah, sumpahe:

    a.Yen mengko ketemon utowo kebukti ngrampok duwit negoro/ korupsi, deweke siap disita kabeh bondho donya ne (ben dadi kere)
    b. Yen Mengko ketemon korupsi, siap anak turune di Blek List, ora iso dadi punggowo negoro/ ora iso dadi PNS.
    c. Siap ditulisi KTP ne, yen pernah korupsi.

Wani pora negoro gawe koyo ngono????
SBY????

Pemimpin Sing Ora Duwe Isin

May 27, 2008

Bar sholat ashar, aku dikagetne suara montor pulisi sing mbrebeki kuping, mecahne gendang kuping, Tak delok seko ngomah…. ooooo… ono penjahat… eh penjabat liwat. Njaluk diwenehi dalan, njaluk didisikne , lan wong wong cilik kudu minggir, soale ora penting….

Neng bagean liyane, neng jawa timur, saiki calon calon penjahat gubernur eh pejabat sing arepe dadi gubernur, rebutan njaluk suarane rakyat, janji yen mengko yen dadi gubernur arepe mbela rakyat, arepe ndisikne rakyat lan dadi pengayom rakyat.

Neng bagean jawa liyane, wakil peresiden arepe ndelok pembagian BLT sing gedhene 100 ewu rupiyah sewulan. Kabeh padha bingung, pulisi pulisi padha siap siap, dalan dalan ora oleh macet, yen macet, JK kudu di dhisikne, kabeh kudu minggir, arepe ana "PEJABAT" lewat, soale liyane ora penting !!.

Tekan nggon, wong wong sing oleh KUPON BLT padha antri, uyel uyelan, trima nampa bantuan BLT sing gedhene padha karo rega voucher tilpun sing jenenge HP.

Aku dadi mikir, lha pas para pemimpin sing terhormat ngono iku, ndelok rakyate padha uyel uyelan, rebutan duwit sing ora patio akeh, sing kudu kanggo urip sewulan, ngono iku sing dipikirne apa ya???

Aapa ora Isin, yen para pejabat iku ngajak ajak rakyat kudu irit, mengemncangkan ikat pinggang, padahal opomeneh ngencangne ikat pinggang, lha wong pinggange wae wes entek, merga keluwen. Apa ora terbersit neng atine wong wong sugih kuwi sing wes diarani pejabat, yen upama sewulan wae, bayare dadi presiden utawa wakil presiden disumbangne wong wong mlarat iku, apa ndadekne mlarat pak wakil presiden po pak presiden yo???

Lha wong pemimpin kok njaluk didisikne, njaluk dihormati, apa apa kudu ndisik, trus mbesuk neng akherat piye yo tanggung jawabe?? 

Apa ora ngerti, akeh wong sing misuh misuh, pas dikon minggir karo rombongan penjabat sing lagi liwat. Lan kabeh padha ora ikhlas lan ridha????… lha yen wong wong sing dikongkon minggir iku ora ridha, njur dosane sing nanggung sapa ya???

Wuedannn Tenan, Rega Rabuk Larang !!

Wuedann Tenannn…

Wingi mbah atmo arepe tuku rabuk urea kanggo ngrabuk sawah sing mung sak cuplik kae…., lha kok regane wes satus punjul..

Jan Jane iki negara apa???? Negara Tani apa negara Industri??

Nang Ngendi pemimpine? Nang ngendi Wakile??? Nang ngendi DPR-e???

apa padha mblendungne wetenge dewe dewe??? Tak dongakne ora slamet akherate yen mateni wong wong ciliik/ rakyate kaya ngene..