Rizal Malarangeng, Klilipen lan dodolan gambar !!
Biyuh biyuh…
motoku klilipen tulisan iku sak enggon enggon..
neng dalan gatsu, gambar guedhe guedhe, tulisane podo :
ip nderis e will, nderis e wey..
lha aku yo bingung, trus iku gunane opo yo???
lha neng kompas jugak di pampang, iklan gedhen gedhen, tulisane podho.
lha aku bingung, wong sing pasang gambar lan iklan iku sugih temen yo?? sampek iso nuku iklan neng kompas sak halaman penuh, trus pasang baliho sak enggon enggon neng dalan dalan protokol ibukota…
lha, yen biaya pasang iklan iklan iku disumbangne, kanggo wong wong sing arepe milih dekne, kiro kiro gelem ora yo???

wis sampeyan itung tah mbah ? piro biayane ngiklan nang kompas iku mau, ambek nggawe baliho sak gedhen gedhen iku piro regane ?
lak aku diwenehi yo tak trimo..arep tak gawe iklanku dhewe…
Comment by datyo — August 24, 2008 @ 9:42 am
kok kethok’e gak gelem milih milih dhewek’e mas! masiyo dhuwite dibagi-bagi loh! hehehe
Comment by gempur — August 27, 2008 @ 10:21 am
@datyo
iyo kang, ra kuwat ngitunge…
lha kok ndadak diitung barang, lha wong donyane wong jare .. hahahaha… kapan ki arep melu melu ngiklan neng tipi tipi??
@Gempur
yo, duwite di tompo ra popo ( nek diwehi) tapi nek ora yo kebacutt !! hahaha..
babagan milih, iku lak urusan peribados, dadine ora goro goro duwit.. hehe
Comment by Mbah atmo Glendem — August 28, 2008 @ 7:10 am