Pemimpin Sing Ora Duwe Isin

May 27, 2008

Bar sholat ashar, aku dikagetne suara montor pulisi sing mbrebeki kuping, mecahne gendang kuping, Tak delok seko ngomah…. ooooo… ono penjahat… eh penjabat liwat. Njaluk diwenehi dalan, njaluk didisikne , lan wong wong cilik kudu minggir, soale ora penting….

Neng bagean liyane, neng jawa timur, saiki calon calon penjahat gubernur eh pejabat sing arepe dadi gubernur, rebutan njaluk suarane rakyat, janji yen mengko yen dadi gubernur arepe mbela rakyat, arepe ndisikne rakyat lan dadi pengayom rakyat.

Neng bagean jawa liyane, wakil peresiden arepe ndelok pembagian BLT sing gedhene 100 ewu rupiyah sewulan. Kabeh padha bingung, pulisi pulisi padha siap siap, dalan dalan ora oleh macet, yen macet, JK kudu di dhisikne, kabeh kudu minggir, arepe ana "PEJABAT" lewat, soale liyane ora penting !!.

Tekan nggon, wong wong sing oleh KUPON BLT padha antri, uyel uyelan, trima nampa bantuan BLT sing gedhene padha karo rega voucher tilpun sing jenenge HP.

Aku dadi mikir, lha pas para pemimpin sing terhormat ngono iku, ndelok rakyate padha uyel uyelan, rebutan duwit sing ora patio akeh, sing kudu kanggo urip sewulan, ngono iku sing dipikirne apa ya???

Aapa ora Isin, yen para pejabat iku ngajak ajak rakyat kudu irit, mengemncangkan ikat pinggang, padahal opomeneh ngencangne ikat pinggang, lha wong pinggange wae wes entek, merga keluwen. Apa ora terbersit neng atine wong wong sugih kuwi sing wes diarani pejabat, yen upama sewulan wae, bayare dadi presiden utawa wakil presiden disumbangne wong wong mlarat iku, apa ndadekne mlarat pak wakil presiden po pak presiden yo???

Lha wong pemimpin kok njaluk didisikne, njaluk dihormati, apa apa kudu ndisik, trus mbesuk neng akherat piye yo tanggung jawabe?? 

Apa ora ngerti, akeh wong sing misuh misuh, pas dikon minggir karo rombongan penjabat sing lagi liwat. Lan kabeh padha ora ikhlas lan ridha????… lha yen wong wong sing dikongkon minggir iku ora ridha, njur dosane sing nanggung sapa ya???

 

5 Comments »

The URI to TrackBack this entry is: http://bosojowo.blogsome.com/2008/05/27/pemimpin-sing-ora-duwe-isin/trackback/

  1. Sugeng Sonten Mbah, wah jan piye negoroku iki. Mestine rakyate di ajari mandiri, lho iki kok malah di ajari ngemXXX…
    Tresno jalaran soko kulino, yen kulino ngemxxxx piye mengko generasi bongso iki ?

    Puyeng …

    Comment by HARI — May 27, 2008 @ 10:16 am

  2. opo perlu pemimpin2 iku mlebu sekolah khusus nggo sinau isin mbah, sakdurunge nyalon dadi pimpinan ? :)

    Comment by Elys Welt — May 29, 2008 @ 6:35 am

  3. wonten resep ngopi kangge blogger, monggo ditingali ing hasilkebun

    Comment by Pak BOn — June 7, 2008 @ 7:11 am

  4. jangan lupa nyoblos! (asem ik, bahasa jawa total. untung mudeng)

    Comment by akucintakdi — June 18, 2008 @ 12:11 pm

  5. aku golput mbah…gak ono gubernur sing cocok nang atiku…lak gak popo se mbah ? gak haram se mbah ? lah calon gubernur jatim iku mek dodolan brengos, ambek batik, gak ono sing dodolan lumpur, bengsin, ambek listrik…lah laopo aku nguntal brengos…

    Comment by datyo — July 22, 2008 @ 10:13 am

RSS feed for comments on this post.

Leave a comment

Line and paragraph breaks automatic, e-mail address never displayed, HTML allowed: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <code> <em> <i> <strike> <strong>



Anti-spam measure: please retype the above text into the box provided.


Anti-spam measure: please retype the above text into the box provided.