Ben Maju, jeneng negoro kudu diganti!!
Kudune Jeneng Negara Indonesia diganti ……
Mau bengi bar jagong bayi neng omahe Yu Painem, wong wong wes biasane mampir disik neng warunge Mbok Janem. Nyruput kopi rego limangatus repes sinambi mangan jadah goreng po gedang goreng sing regone telungatusan. Biasane sinambi ngopi, wong wong podho jagongan karo ngrembug mulai babagan sing ora penting babar blas, sampek ngermbug babagan negoro lan pulitik.
Sing aku seneng, mau bengi Mbah Darmo, ugo teko, pesen wedang kopi sing cingkir cilik, karo pesen gandos siji. Jare Mbah Darmo, negoro Indonesia iki ora bakale maju, yen durung ganti jeneng. Halah.. Mosok ???
Iyo,jare Mbah Darmo sing saben dinane bakulan pitik neng Pasar Kliwonan cedhak posan iku, Jeneng Indonesia iku ora pati apik, soale sing nemokake wong dudu Indonesia dewe, nanging malah wong monco, alias Londo.
Jare Mbah Darmo, Negoro Indonesia bakale maju, yen ganti jeneng dadi : Endonesa.
Babagan Hak Cipta, mengko Mbah Darmo ora bakalan cawe cawe utowo njaluk bagean
, hahaha. Sing Penting jeneng Indonesia kudu diganti dadi Endonesa, sababe :
1. Jeneng Endonesia luwih gampang pangucapane.
2. Jeneng Endonesia, wes kerep dienggo karo wong wong tanpa sadar, yen sing di ucapke iku dudu Indonesia, nanging Endonesa, contone pas acara acara tinju, ana wong sing nyanyi lagu kebangsaan, nyanyine yo ora Indonesia Raya, tapi Endonesa Raya (yen iki aku kerep krungu, nanging ora duwe bukti rekamane)
3. Sing penting, jeneng Endonesa dudu jeneng sing ditemokne karo wong bule sing malah njajah negoro iki sampek elek.
4. Yen nyanyi ana acara upacara bendera utowo acara acara liyane, luwih gampang nyanyi Endoensa raya, ketimbang Indonesia Raya. Dijajal po???
5. Akeh, negoro sing gawe jeneng awalane E, dadi maju, nanging ora kalebu Ethipia karo Eritreia. (lho, kok eyelan to mbah??, hehe )
Aku ngrungokne wae guyonane mbah Darmo iki, soale ora mung lucu, nanging ugo lucu banget tur nggowo pesene wong wong dusun, Yen sejatine saya suwe uripe wong cilik saya angel, lan yen wes angel, guyonane dadi guyonan maton…
Piye Kisanak kabeh???, setuju opo ora yen idene Mbah Darmo iku kaleksanan?? suwun mbah, idene mau bengi tak lebokne blog ku , weheheheh…

Sugeng Siang mBah Atmo…
Menawai kepareng badhe urun rembug….
mBok bilih dados renaning penggalih, anggenipun damel tulisan, migunaaken huruf ingkang langkung leres. Contonipun anggenipun nulis “boso”, kedahipun: “basa”, “jowo” kedahipun “jawa”, “opo” kedahipun “apa”. Kados menawi kita nyerat ngagem aksara jawa, tembung “basa” mboten dipun serat mawi “taling tarung”.
Cekap semanten, Nuwun..
Comment by Kus — May 15, 2008 @ 4:48 am
setubuh mbah…
Comment by datyo — May 21, 2008 @ 9:08 am