Pemimpin Sing Ora Duwe Isin

May 27, 2008

Bar sholat ashar, aku dikagetne suara montor pulisi sing mbrebeki kuping, mecahne gendang kuping, Tak delok seko ngomah…. ooooo… ono penjahat… eh penjabat liwat. Njaluk diwenehi dalan, njaluk didisikne , lan wong wong cilik kudu minggir, soale ora penting….

Neng bagean liyane, neng jawa timur, saiki calon calon penjahat gubernur eh pejabat sing arepe dadi gubernur, rebutan njaluk suarane rakyat, janji yen mengko yen dadi gubernur arepe mbela rakyat, arepe ndisikne rakyat lan dadi pengayom rakyat.

Neng bagean jawa liyane, wakil peresiden arepe ndelok pembagian BLT sing gedhene 100 ewu rupiyah sewulan. Kabeh padha bingung, pulisi pulisi padha siap siap, dalan dalan ora oleh macet, yen macet, JK kudu di dhisikne, kabeh kudu minggir, arepe ana "PEJABAT" lewat, soale liyane ora penting !!.

Tekan nggon, wong wong sing oleh KUPON BLT padha antri, uyel uyelan, trima nampa bantuan BLT sing gedhene padha karo rega voucher tilpun sing jenenge HP.

Aku dadi mikir, lha pas para pemimpin sing terhormat ngono iku, ndelok rakyate padha uyel uyelan, rebutan duwit sing ora patio akeh, sing kudu kanggo urip sewulan, ngono iku sing dipikirne apa ya???

Aapa ora Isin, yen para pejabat iku ngajak ajak rakyat kudu irit, mengemncangkan ikat pinggang, padahal opomeneh ngencangne ikat pinggang, lha wong pinggange wae wes entek, merga keluwen. Apa ora terbersit neng atine wong wong sugih kuwi sing wes diarani pejabat, yen upama sewulan wae, bayare dadi presiden utawa wakil presiden disumbangne wong wong mlarat iku, apa ndadekne mlarat pak wakil presiden po pak presiden yo???

Lha wong pemimpin kok njaluk didisikne, njaluk dihormati, apa apa kudu ndisik, trus mbesuk neng akherat piye yo tanggung jawabe?? 

Apa ora ngerti, akeh wong sing misuh misuh, pas dikon minggir karo rombongan penjabat sing lagi liwat. Lan kabeh padha ora ikhlas lan ridha????… lha yen wong wong sing dikongkon minggir iku ora ridha, njur dosane sing nanggung sapa ya???

 

Wuedannn Tenan, Rega Rabuk Larang !!

Wuedann Tenannn…

Wingi mbah atmo arepe tuku rabuk urea kanggo ngrabuk sawah sing mung sak cuplik kae…., lha kok regane wes satus punjul..

 

Jan Jane iki negara apa???? Negara Tani apa negara Industri??

Nang Ngendi pemimpine? Nang ngendi Wakile??? Nang ngendi DPR-e???

apa padha mblendungne wetenge dewe dewe??? Tak dongakne ora slamet akherate yen mateni wong wong ciliik/ rakyate kaya ngene..

 

 

 

Ben Maju, jeneng negoro kudu diganti!!

May 13, 2008

Kudune Jeneng Negara Indonesia diganti ……

Mau bengi bar jagong bayi neng omahe Yu Painem, wong wong wes biasane mampir disik neng warunge Mbok Janem. Nyruput kopi rego limangatus repes sinambi mangan jadah goreng po gedang goreng sing regone telungatusan. Biasane sinambi ngopi, wong wong podho jagongan karo ngrembug mulai babagan sing ora penting babar blas, sampek ngermbug babagan negoro lan pulitik.

Sing aku seneng, mau bengi Mbah Darmo, ugo teko, pesen wedang kopi sing cingkir cilik, karo pesen gandos siji. Jare Mbah Darmo, negoro Indonesia iki ora bakale maju, yen durung ganti jeneng. Halah.. Mosok ???

Iyo,jare Mbah Darmo sing saben dinane bakulan pitik neng Pasar Kliwonan cedhak posan iku, Jeneng Indonesia iku ora pati apik, soale sing nemokake wong dudu Indonesia dewe, nanging malah wong monco, alias Londo.

Jare Mbah Darmo, Negoro Indonesia bakale maju, yen ganti jeneng dadi : Endonesa.

Babagan Hak Cipta, mengko Mbah Darmo ora bakalan cawe cawe utowo njaluk bagean :D , hahaha. Sing Penting jeneng Indonesia kudu diganti dadi Endonesa, sababe :

1. Jeneng Endonesia luwih gampang pangucapane.

2. Jeneng Endonesia, wes kerep dienggo karo wong wong tanpa sadar, yen sing di ucapke iku dudu Indonesia, nanging Endonesa, contone pas acara acara tinju, ana wong sing nyanyi lagu kebangsaan, nyanyine yo ora Indonesia Raya, tapi Endonesa Raya (yen iki aku kerep krungu, nanging ora duwe bukti rekamane)

3. Sing penting, jeneng Endonesa dudu jeneng sing ditemokne karo wong bule sing malah njajah negoro iki sampek elek.

4. Yen nyanyi ana acara upacara bendera utowo acara acara liyane, luwih gampang nyanyi Endoensa raya, ketimbang Indonesia Raya. Dijajal po???

5. Akeh, negoro sing gawe jeneng awalane E, dadi maju, nanging ora kalebu Ethipia karo Eritreia. (lho, kok eyelan to mbah??, hehe )

Aku ngrungokne wae guyonane mbah Darmo iki, soale ora mung lucu, nanging ugo lucu banget tur nggowo pesene wong wong dusun, Yen sejatine saya suwe uripe wong cilik saya angel, lan yen wes angel, guyonane dadi guyonan maton…

Piye Kisanak kabeh???, setuju opo ora yen idene Mbah Darmo iku kaleksanan?? suwun mbah, idene mau bengi tak lebokne blog ku , weheheheh…

Penduduk Endonesia (akeh sing) Bodho2

May 9, 2008

Lha, piye ora bodho to kisanak…

 

1. wes ngerti nek parte iki, partei iku sing gawe rusake negoro, tetep ae dadi idolane.

2. Wes ngerti nek duwit sapirang pirang mung di enggo hambur hamburan wong wong sing ngaku "dewan terhormat", tapi isih wedi lan kalah rego neng ngarepe wong wong penjahat iku.

3. Wes ngerti nek jaman saiki jaman maju ngene, isih percoyo soal soal koyo ngene,ngene, lan ngene, malah aku mau ngrungokne neng ELSHINTA kok yo dibahas lan rembug to yo?, ngono yo kok dadi heboh banget to…???

Mesakne wong wong iku (mungkin kalebu aku :) ) mung di bodho bodhoni wae

Tapi bener jare wong wong sing pinter pinter kae, nek gak onok sing bodho, trus pinter kabeh, sopo sing arepe di bodhoni???? hehehe

Nanging, aku yo seneng, lha wong hape ku ora iso werno abang, soale hape jaman mbiyen, jamane Alexander Graham Bell :)