Kurang Ajar!! Tak Santet mengko sampeyan!
Kurang ajar…
goro goro rego minyak mentah larang/mundak, rego rego liyane podho melu melu mundhak.
Aku tuku kopi secingkir neng pojokan alun2 alun sebelah kulon magetan regone yo mundhak.
Yu Jum sing biasane menehi balen/susuk rongewu setengah, yen aku tuku kopi secingkir tambah gorengan 3, saiki kari menehi susuk 2000. Jare rego rego podho mundak, soale rego minyak mentah mundhak.
Lho lho lho…, tibake imbas mundhake rego minyak mentah neng ndonya wes tekan magetan jugak.
Jaman wes edan. Wong wong podho ngumbar nepsu, ngentek-entekne sumber sumber energi sing onok. Sing podho nduwe setir bunder, ora trimo nek ora puter puter sampek ngentekne 10 liter, sing nduwe montor roda loro, dho muter muter, bleyar bleyer ra karuan, mbakar energi ujud bensin ra kurang 2 liter sedino.
Nanging, jan jane sing paling boros energi yo negoro negoro maju kae.
Lha piye ra boros, yen mongso adem, gak onok siji ae omah sing ora pasang lan nguripke pemanas ruangan. Lha yen mongso panas, ora onok omah sing ora pasang AC.
Lha nek dibandingne neng negoro mlarat/berkembang yo jan jane njomplang bin adoh.
Negoro2 mlarat/ lan berkembang, bejone roto roto neng daerah sing ora kenek musim adem, dadine yo arang arang sing pasang pemanas utowo AC.
dadi jan jane, sing kurang ajar iku wong wong Barat kae, sing koar koar, bengak bengok nang negoro2 mlarat kon njogo alase. trus malah dewekne sing paling boros energi.
Kurang ajar!! jan jane aku arep kirim santet neng JOS BUS, ben ndang mati, trus ora ngopyak opyak Indonesia lan ora sok ngajari carane nandur wit neng Indonesia.
salam.
atmo glendem

ning nggonku kene tonggo2 ra ono sing nduwe AC, ra payu AC neng kene mbah , neng jerman ra usum wong nduwe AC ning omah2, nek musim panas, neng nek pemanas memang kudu ono pas winter, nek ora ono yo katisen tho mbah aku
Comment by Elys Welt — April 22, 2008 @ 12:30 pm
hehehe…
brarti salah tulisanku yo ?, (amargo, simbah yo mung klipang klipeng neng tlatah mediun, magetan, ngawi, pol pole sampek suroboyo, pas onok undangan konco sing putune dinikahne)..
nanging, yen neng magetan kene, yo ra onok pemanas, onoke mung pemanas banyu, kanggo gawe wedang kopi secingkir (pas males nggodok banyu neng pawon soko kayu kae)
:)
Comment by Mbah atmo Glendem — April 22, 2008 @ 1:32 pm
Mbah, sampeyan gak isok nyantet jos bus…lah wong iku setan kok…mosok nyantet setan…yo mendal..mending nyuwun nang Gusti wae, nyuwun yo opo carane jos bus iso mlebu neroko…lho ?! opo iso yo..?
Comment by datyo — April 29, 2008 @ 9:14 am
@kang datyo
iyo, aku kok yo lali
kan santet ora iso ngliwati samudra pasifik yo? kaling alingan kratone nyi roro kidul
Comment by Mbah atmo Glendem — April 30, 2008 @ 12:41 am
ehhhehehe hughughhug
sakjane Paijo’s Bus ki sapa to kok ngurusi Gombale Warmin barang ki
Comment by mbah darmo — May 3, 2008 @ 7:13 am
@mbah darmo
huakakakakaka….aku ngguyu ngakak mbah goro2 komentarmu….wakakakaka
mbah, ayo reunian meneh yo, maklum kan wes podho tuwek iki to
Comment by Mbah atmo Glendem — May 3, 2008 @ 7:39 am
Bagi Penggemar wayang silakan buka:
www.javawayang.com
Salam Wayang,
Hartono
Comment by hartono — June 14, 2008 @ 12:31 pm
Bagi sedulur sedulur pandemen/sutresna/penggemar wayang kulit dalem aturi buka :
www.javawayang.com
Mudah-mudahan menghibur.
Salam Wayang,
Hartono
Comment by hartono — June 14, 2008 @ 12:34 pm