Kurang Ajar!! Tak Santet mengko sampeyan!
Kurang ajar…
goro goro rego minyak mentah larang/mundak, rego rego liyane podho melu melu mundhak.
Aku tuku kopi secingkir neng pojokan alun2 alun sebelah kulon magetan regone yo mundhak.
Yu Jum sing biasane menehi balen/susuk rongewu setengah, yen aku tuku kopi secingkir tambah gorengan 3, saiki kari menehi susuk 2000. Jare rego rego podho mundak, soale rego minyak mentah mundhak.
Lho lho lho…, tibake imbas mundhake rego minyak mentah neng ndonya wes tekan magetan jugak.
Jaman wes edan. Wong wong podho ngumbar nepsu, ngentek-entekne sumber sumber energi sing onok. Sing podho nduwe setir bunder, ora trimo nek ora puter puter sampek ngentekne 10 liter, sing nduwe montor roda loro, dho muter muter, bleyar bleyer ra karuan, mbakar energi ujud bensin ra kurang 2 liter sedino.
Nanging, jan jane sing paling boros energi yo negoro negoro maju kae.
Lha piye ra boros, yen mongso adem, gak onok siji ae omah sing ora pasang lan nguripke pemanas ruangan. Lha yen mongso panas, ora onok omah sing ora pasang AC.
Lha nek dibandingne neng negoro mlarat/berkembang yo jan jane njomplang bin adoh.
Negoro2 mlarat/ lan berkembang, bejone roto roto neng daerah sing ora kenek musim adem, dadine yo arang arang sing pasang pemanas utowo AC.
dadi jan jane, sing kurang ajar iku wong wong Barat kae, sing koar koar, bengak bengok nang negoro2 mlarat kon njogo alase. trus malah dewekne sing paling boros energi.
Kurang ajar!! jan jane aku arep kirim santet neng JOS BUS, ben ndang mati, trus ora ngopyak opyak Indonesia lan ora sok ngajari carane nandur wit neng Indonesia.
salam.
atmo glendem
