Ahmadiyah iku dudu Agama??

April 18, 2008

Iki gremengane mbah atmo glendem mas-alah sing saiki lagi anget-angete.

kuwi lho, mas-alah aliran ahmadiyah, aliran agomo sing ngaku ngaku jenenge Islam, tapi ora ngakoni nek nabi sing pungkasan iku yo mung nabi Muhammad. Padahal, salah sijining rukun islam iku yo ngakoni menawa Gusti Alloh iku namung siji, lan  nabi Muhammad iku nabi pungkasan utusanipun Alloh.

Aliran iki lucu, aliran gaweane Inggris iki ngaku ngaku nek onok nabi anyar jenenge sopo iku, mirsa gulo amat, opo mirsa gulo mamat, wong aseli India sing dadi nabi pungkasane. hahaha…

 Lucune, aliran iki ngaku ngaku nek Islam,

lha ngaku ngaku nek Islam, trus ora ngaakoni opo sing dadi rukune lha podo wae goroh.

Sing luwih nggeregeti, wong wong sing agomo liyane, melu melu umuk babagan iki, melu melu omong sing mbingungne, padahal, sing ngerti opo iku rukun Islam, opo iku Islam, yo mung mung Islam dewe.

Nggawe alasan HAM, alasan HEM, opo alasan HOM, pokoke Ahmadiyah iku ajaran sing bener lan ak panunggalane.

Padahal, aku yakin, mbuh iku Hindu, Budho, Aliran Darmo Gandul, Kresten utowo Katolik, mesthine wong wonge ora lilo nek onok aliran sing nyimpang adoh, tapi ngaku ngaku nek dewekne iku Hindu, Budho, Aliran Darmogandul, Kresten utowo Katolik.

Goroh lan umuk, yen wong wong iku legowo, lilo, nek onok wong sing ngrusak agomone , mung meneng wae, terkecuali nek wong wong iku mung agomo KTP wae :) , mesthi dewekne yo biasa biasa wae agomone digawe guyon. :)

 

 

4 Comments »

The URI to TrackBack this entry is: http://bosojowo.blogsome.com/2008/04/18/ahmadiyah-iku-dudu-agama/trackback/

  1. jaman wes mulai ra nggenah, aku mung iso geleng2 yen moco aliran2 anyar seng ra nggenah juntrungane

    Comment by Elys Welt — April 21, 2008 @ 10:59 am

  2. @Elys Welt

    Ndonya wes sansoyo tuwo…
    mugo mugo ora dadi pitenah mring liyan yo kisanak..

    matur suwun gelem mampir neng bloge simbah

    Comment by Mbah atmo Glendem — April 21, 2008 @ 11:28 am

  3. hahahaha…. dadi opo aku kudhu melu crongohan neng kene toh buying atemoh? hehehe…. aku sik golek-golek warta soal ahmadiyah iki mbah, opo njenengan dhuwe ringkasan sejarahe ahmadiyah po….

    Comment by tony — April 21, 2008 @ 12:35 pm

  4. @tony

    hahaha… yok opo seh kok crongohan iku?
    maksute kisanak crongohan babagan opo toh iki?
    crongohan iku kan teko boso dasar cingur + oleh tambahan ong, dadi cingrohan.

    lha goro2 kok ora penak nek kuping, cingrohan langsung muatsi dadi crongohan.

    lha ngono toh?
    :D

    aku duwe bukune babagan ahmadiyah, tapi males arepe nulis nang kene, lha wong sak bendel, kandel poll, kenek kanggo nggibeng maling

    Comment by Mbah atmo Glendem — April 21, 2008 @ 1:53 pm

RSS feed for comments on this post.

Leave a comment

Line and paragraph breaks automatic, e-mail address never displayed, HTML allowed: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <code> <em> <i> <strike> <strong>



Anti-spam measure: please retype the above text into the box provided.


Anti-spam measure: please retype the above text into the box provided.