Ahmadiyah iku dudu Agama??
Iki gremengane mbah atmo glendem mas-alah sing saiki lagi anget-angete.
kuwi lho, mas-alah aliran ahmadiyah, aliran agomo sing ngaku ngaku jenenge Islam, tapi ora ngakoni nek nabi sing pungkasan iku yo mung nabi Muhammad. Padahal, salah sijining rukun islam iku yo ngakoni menawa Gusti Alloh iku namung siji, lan nabi Muhammad iku nabi pungkasan utusanipun Alloh.
Aliran iki lucu, aliran gaweane Inggris iki ngaku ngaku nek onok nabi anyar jenenge sopo iku, mirsa gulo amat, opo mirsa gulo mamat, wong aseli India sing dadi nabi pungkasane. hahaha…
Lucune, aliran iki ngaku ngaku nek Islam,
lha ngaku ngaku nek Islam, trus ora ngaakoni opo sing dadi rukune lha podo wae goroh.
Sing luwih nggeregeti, wong wong sing agomo liyane, melu melu umuk babagan iki, melu melu omong sing mbingungne, padahal, sing ngerti opo iku rukun Islam, opo iku Islam, yo mung mung Islam dewe.
Nggawe alasan HAM, alasan HEM, opo alasan HOM, pokoke Ahmadiyah iku ajaran sing bener lan ak panunggalane.
Padahal, aku yakin, mbuh iku Hindu, Budho, Aliran Darmo Gandul, Kresten utowo Katolik, mesthine wong wonge ora lilo nek onok aliran sing nyimpang adoh, tapi ngaku ngaku nek dewekne iku Hindu, Budho, Aliran Darmogandul, Kresten utowo Katolik.
Goroh lan umuk, yen wong wong iku legowo, lilo, nek onok wong sing ngrusak agomone , mung meneng wae, terkecuali nek wong wong iku mung agomo KTP wae
, mesthi dewekne yo biasa biasa wae agomone digawe guyon.
