PILKADA Magetan
Para Sedherek….
Sakniki lagi usum pilkada….. magetan uga pilkadal, magetan… kenal opo ora magetan? iku lho, kutho cilik neng sak kulone madiun, neng sisih lore ponorogo lan sisih kidule ngawi…, nek ra ngerti yo kebacutt
Ngomong oong masalah pilkada, aku kok ora pati seneng karo pilkada (basa aluse, ora patio semangat melu melu umuk babagan pilkadal), amargo yo kuwi, aku ora melu dadi calone bupati utowo wakil bupatine. Menawa sing dadi calone klebu aku (mbah Atmo Glendem), yo mesthi, aku arepe koar koar, melu umuk lan ngumbar janji babagan pilkadal.
sing arepe tak gawe janji koyo dene:
1.janji arepe ngumpulke duwit, rekadaya ngumpulke duwitsing halal, kanggo nggawe rumah sakit gratis. Ben ora mung onok rumah sakit pavilliun sing mung dienggo wong sing sugih brewu kae.
-
janji arepe njakati bayaranku dadi bupati, minimal 2.5%, trus aku ora arepe numpaki tumpakan roda papat sing dicawiske kanggo aku, aku arepe mlaku wae, lha omahku kan yo cedak kabupaten magetan.
-
Janji arepe kerep mlaku mlaku tanpo pengawalan soko pulisi pulisi pamong projo, kerep blusukan neng pasar lan blusukan neng ndeso ndeso, melu jagongan karo wong cilik, tanpo ngerti deweke nek sing diajak jagingan iku bupatine. Lan ugo supoyo aku ngerti opo sing dialami sakbenere rakyatku.
halah, iku kabeh mung ngimpiku wae…..
tak kiro, ora onok calon bupati magetan sing arepe nduwe program koyok aku…
paling paling program sing arepe di dhisikne :
- Piye carane biaya kampanye ku balik modal ????
krana iku… mbah atmo glendem ora pati seneng pilkadal, opo meneh melu dadi calone, sing bakale umbar janji, lan ora bakal klakon, hamung dadi dosa sing ora bisa diilangi..
mugo mugo wong wong podho sadar…
Mbah atmo Glendem
09/04/08

wah… mugo-mugo dadi mbah, hehehehe…
power tends to corrup jarene pilosop loh mbah
Comment by tony — April 18, 2008 @ 2:42 am
@tony
aku ora nyalon kok pak tony
Comment by Mbah atmo Glendem — April 18, 2008 @ 3:26 am
sebenere untunge opo seh nyoblos ning pilkada ? yen mburi2ne akeh pimpinane seng kecekel amargo korupsi ?
Comment by Elys Welt — April 21, 2008 @ 11:01 am
@Elys Welt
untunge iso marem nek jagone menang
rugine : dadi gelo nek jagone kalah
:)
Comment by Mbah atmo Glendem — April 21, 2008 @ 12:00 pm
Pokoke tahun ki seng ngekeki sangngu luweh akeh seng bkal tak pilih ora mergo mata duwiten mbah,ki lak pesta rakyat,nek g disangngoni menak kelolana karo bojo ku. Huakakak…
Comment by Dhen_mas_ghuru_TA — May 2, 2008 @ 12:09 pm
@Dhenmasghuru_TA
hahahaha, wah wah, bakalan onok lindhu lokal kie, hahahahaha
Comment by Mbah atmo Glendem — May 2, 2008 @ 2:18 pm