SING ORA OLEH URIP IKU DUDU WONG AHMADIYAH, NANGING ORGANISASI AHMADIYAHE IKU !!!

April 24, 2008

iki kutipan tulisane salah sawijining wong sing jare ngajak merdeka :

"Tidak ada yang lebih sinting di dunia ini daripada mengadili keyakinan atau sumber keyakinan seseorang maupun kelompok. Belum terlambat bagi kita semua untuk menyadari bahwa sesungguhnya Ahmadiyah berhak hidup di negara beradab"

 

ini wah wah, isuk isuk kok wes mbahas ahmadiyah? ngene lho kisanak, nek kowe oleh nduwe panemu koyok iku, lan bener kanggomu, lan ugo ora bener kanggoku :) (oleh to, wong jaman ngene, jaman demo demokrasi ngene bedo pendapat/panemu?) masalah iku tak padhak ke koyok ngene: Onok wong sing ngedekne organisasi : PKB, trus ketua syuro ne Gusdur, wes di daftarke neng Depkumham Lha iki onok meneh, wong sing ngedekne PKB,kabeh podho blejet, sing mbedakne, PKB sing anyar iki ketua Syuro ne dudu Gus Dur, tapi Guus Hiddink. Lha, jelas, wong wong PKB Gus dur ora trimo toh kisanak? lha nek masalah ngene iki negoro mung meneng wae, arepe dadi opo negoro iku? ora ono pengayoman blass neng babagan organisasi

ANGGOTA AHMADIYAH BERHAK HIDUP DI NEGERI INI, TAPI AHMADIYAH SEBAGAI ORGANISASI LAH YANG DILARANG !! ORANG ORANG PKI BERHAK HIDUP DI SINI, TAPI ORGANISASI PKI DILARANG DI NEGERI INI… gitu aja kok repot to kisanak??? atmo glendem

Kurang Ajar!! Tak Santet mengko sampeyan!

April 22, 2008

Kurang ajar…

goro goro rego minyak mentah larang/mundak, rego rego liyane podho melu melu mundhak.
Aku tuku kopi secingkir neng pojokan alun2 alun sebelah kulon magetan regone yo mundhak.
Yu Jum sing biasane menehi balen/susuk rongewu setengah, yen aku tuku kopi secingkir tambah gorengan 3, saiki kari menehi susuk 2000. Jare rego rego podho mundak, soale rego minyak mentah mundhak.

Lho lho lho…, tibake imbas mundhake rego minyak mentah neng ndonya wes tekan magetan jugak.
Jaman wes edan. Wong wong podho ngumbar nepsu, ngentek-entekne sumber sumber energi sing onok. Sing podho nduwe setir bunder, ora trimo nek ora puter puter sampek ngentekne 10 liter, sing nduwe montor roda loro, dho muter muter, bleyar bleyer ra karuan, mbakar energi ujud bensin ra kurang 2 liter sedino.

Nanging, jan jane sing paling boros energi yo negoro negoro maju kae.
Lha piye ra boros, yen mongso adem, gak onok siji ae omah sing ora pasang lan nguripke pemanas ruangan. Lha yen mongso panas, ora onok omah sing ora pasang AC.
Lha nek dibandingne neng negoro mlarat/berkembang yo jan jane njomplang bin adoh.
Negoro2 mlarat/ lan berkembang, bejone roto roto neng daerah sing ora kenek musim adem, dadine yo arang arang sing pasang pemanas utowo AC.

dadi jan jane, sing kurang ajar iku wong wong Barat kae, sing koar koar, bengak bengok nang negoro2 mlarat kon njogo alase. trus malah dewekne sing paling boros energi.

Kurang ajar!! jan jane aku arep kirim santet neng JOS BUS, ben ndang mati, trus ora ngopyak opyak Indonesia lan ora sok ngajari carane nandur wit neng Indonesia.

salam.

atmo glendem

Ahmadiyah iku dudu Agama??

April 18, 2008

Iki gremengane mbah atmo glendem mas-alah sing saiki lagi anget-angete.

kuwi lho, mas-alah aliran ahmadiyah, aliran agomo sing ngaku ngaku jenenge Islam, tapi ora ngakoni nek nabi sing pungkasan iku yo mung nabi Muhammad. Padahal, salah sijining rukun islam iku yo ngakoni menawa Gusti Alloh iku namung siji, lan  nabi Muhammad iku nabi pungkasan utusanipun Alloh.

Aliran iki lucu, aliran gaweane Inggris iki ngaku ngaku nek onok nabi anyar jenenge sopo iku, mirsa gulo amat, opo mirsa gulo mamat, wong aseli India sing dadi nabi pungkasane. hahaha…

 Lucune, aliran iki ngaku ngaku nek Islam,

lha ngaku ngaku nek Islam, trus ora ngaakoni opo sing dadi rukune lha podo wae goroh.

Sing luwih nggeregeti, wong wong sing agomo liyane, melu melu umuk babagan iki, melu melu omong sing mbingungne, padahal, sing ngerti opo iku rukun Islam, opo iku Islam, yo mung mung Islam dewe.

Nggawe alasan HAM, alasan HEM, opo alasan HOM, pokoke Ahmadiyah iku ajaran sing bener lan ak panunggalane.

Padahal, aku yakin, mbuh iku Hindu, Budho, Aliran Darmo Gandul, Kresten utowo Katolik, mesthine wong wonge ora lilo nek onok aliran sing nyimpang adoh, tapi ngaku ngaku nek dewekne iku Hindu, Budho, Aliran Darmogandul, Kresten utowo Katolik.

Goroh lan umuk, yen wong wong iku legowo, lilo, nek onok wong sing ngrusak agomone , mung meneng wae, terkecuali nek wong wong iku mung agomo KTP wae :) , mesthi dewekne yo biasa biasa wae agomone digawe guyon. :)

 

 

PILKADA Magetan

April 9, 2008

Para Sedherek….
Sakniki lagi usum pilkada….. magetan uga pilkadal, magetan… kenal opo ora magetan? iku lho, kutho cilik neng sak kulone madiun, neng sisih lore ponorogo lan sisih kidule ngawi…, nek ra ngerti yo kebacutt :(

Ngomong oong masalah pilkada, aku kok ora pati seneng karo pilkada (basa aluse, ora patio semangat melu melu umuk babagan pilkadal), amargo yo kuwi, aku ora melu dadi calone bupati utowo wakil bupatine. Menawa sing dadi calone klebu aku (mbah Atmo Glendem), yo mesthi, aku arepe koar koar, melu umuk lan ngumbar janji babagan pilkadal.

sing arepe tak gawe janji koyo dene:

1.janji arepe ngumpulke duwit, rekadaya ngumpulke duwitsing halal, kanggo nggawe rumah sakit gratis. Ben ora mung onok rumah sakit pavilliun sing mung dienggo wong sing sugih brewu kae.

  1. janji arepe njakati bayaranku dadi bupati, minimal 2.5%, trus aku ora arepe numpaki tumpakan roda papat sing dicawiske kanggo aku, aku arepe mlaku wae, lha omahku kan yo cedak kabupaten magetan.

  2. Janji arepe kerep mlaku mlaku tanpo pengawalan soko pulisi pulisi pamong projo, kerep blusukan neng pasar lan blusukan neng ndeso ndeso, melu jagongan karo wong cilik, tanpo ngerti deweke nek sing diajak jagingan iku bupatine. Lan ugo supoyo aku ngerti opo sing dialami sakbenere rakyatku.

halah, iku kabeh mung ngimpiku wae…..
tak kiro, ora onok calon bupati magetan sing arepe nduwe program koyok aku…

paling paling program sing arepe di dhisikne :

  1. Piye carane biaya kampanye ku balik modal ????

krana iku… mbah atmo glendem ora pati seneng pilkadal, opo meneh melu dadi calone, sing bakale umbar janji, lan ora bakal klakon, hamung dadi dosa sing ora bisa diilangi..

mugo mugo wong wong podho sadar…

Mbah atmo Glendem
09/04/08