Rasah Numpak Baswe neng Jakarta!!

February 2, 2008

    Nek Sampeyan kabeh tau dolan neng jakarta, mesthi pertama arepe ndelok tugu monas. Trus poto poto neng ngarepe, trus di apdrekne, trus dipamerke neng tonggo teparo lan ujar " ki lo, aku wes tekan jakarta, buktine iki, potoku neng tugu monas"——-> yo pora?? ngaku nek iyo!

    Tapi, sing paling gawe miris atiku (soale aku weruh bendino), Jakarta soyo ra karu karuan.

Nek udan paling mung 3 jam wae, macete mesthi dowo, dawane ngalah ngalahi pawai suronan neng nggonku deso. Mobil roda papat dho dipasangi emblem, gambare lambang garuda kuning, sing kerep dienggo poro anggota wakil rakyat, tapi klakuane koyok wedus kabeh… srogal srogol,. Lha piye ora koyo wedhus,  nek mobile onok templekane garuda kuning iku, utowo plate nomer onok B **** BP, onok BP ne utowo, B**** BS, mesthi koyok wedus, (ora kabeh tapi). Rambu tanda ora oleh puter balik utowo belok, gampang ae mobil plat nomer iku mak klinger, belok sak karepe dewe, padahal mburine dho ngenteni dowo… Duh Gusti !!

 Meneh, saiki Jamane Kang Fauzi Bowo, sing jare wes ahli, malah ora ahli blass, (mbuh ahli opo, aku ra ngerti)

Lha piye, lha dalan Busway sing kudune seteril, khusus kanggo dalan bis baswe, saiki diolehi dilewati mobil pribadi, montor pribadi.

Aku mesakke wong wong sing wes susah susah tuku tiket baswe, kudu melu macet, soale dalane dibeki metromini, montor lan mobil pribadi. Lha ngene ki pora podho wae ndolimi wong liyan, sing nduwe hak lewat dalan baswe mau.

Mungkin, kebijakane Fauzi iku goro2 Fauzi ra tau numpak Baswe, numpak ae paling2 mung arang kading tur wes di cepake ben ra macet….

Njur , sing bodho sopo yo?…. 

Mugo2 wong2 sing dho pengguna baswe ora dho ndongakne sing elek elek kanggo Fauzi iki.

Nanging, penjalukku, kudune Fauzi yo tegas, ra uclak ucluk, plenta plente… bedo karo Sutiyoso

Nek baswe yo baswe, kanggone baswe, ra kakehan aturan sing sumir.

Nek tetep koyok ngene, mending sampeyan kabeh numpak mobile dewe2, lan pesenku ojo sedan, mending jip ae hartop, ben bebas banjir. Njur rame rame lewat dalan baswe….Mumpung oleh.

 

Lan ojo numpak Baswe neng Jakarta, PODHO Wae Hasile.. 

 

9 Comments »

The URI to TrackBack this entry is: http://bosojowo.blogsome.com/2008/02/02/rasah-numpak-baswe-neng-jakarta/trackback/

  1. sing bodho sing ra sekolah :D

    Comment by de — February 4, 2008 @ 1:02 am

  2. de, sing sekolah ae akeh sing jek bodho lho… coba di delok nang dpr/dprd kae.. hahahahaha

    Comment by Mbah atmo Glendem — February 4, 2008 @ 3:16 am

  3. Walah, ane kagak ngarti bahasa Jawa Mas, jadi ane cuma bisa ngira-ngira isi postingannya sampeyan… Ya, kira-kiranya njenengan ini punya pengalaman kagak nyenengin waktu naek busway di Jakarta, gitu tho? :mrgreen:

    Salam kenal dari ane..

    Comment by Cabe Rawit — February 6, 2008 @ 12:35 pm

  4. numpak sepeda wae… ning ati-ati isa cilaka :D

    salaman

    Comment by Siti Jenang — February 6, 2008 @ 3:16 pm

  5. Nek arep numpak bus wae, ajak Foke wae Mas. Sopo ngerti dalan-e iso digawe lancar karo ahli-ne

    Comment by bank al — February 6, 2008 @ 6:10 pm

  6. sami mawon..

    Comment by agn — February 13, 2008 @ 9:13 am

  7. youweis ra usah numpak baswei,,,, ngono wae kok repot

    Comment by prakasa — April 25, 2008 @ 4:16 am

  8. @prakasa
    iyo kang, aku mung pisan thok numpak baswei, jamane jek dienggo sistem mix trappik

    nanging jare saiki wes ditertipne yo?

    maklum, aku wong jowo sing ora bendino neng jakarta/batavia
    :)

    Comment by Mbah atmo Glendem — April 25, 2008 @ 6:42 am

  9. wong wong sing pinter ngomong iku sak jane lek dikongkon mimpin durung mesti iso nanging ngomonge koyo gludug ngampar-ngampar wong cilik sing ora ngerti opo-opo melu-melu mbelo rono mbelo rene nanging lek wis di belo lan wis dadi pejabat lali karo wong cilik, koyo saiki program BLT partai politik ono sing protes ora setuju iku mung marai wong cilik males lan tukang njaluk wae, mestine sing protes mikir wong cilik iku luwe sampe busung lapar la di kongkon ngenteni program jangka panjang, sing perlu diprotes iku blonjone DPR lan MPR lan pejabat negoro sing njalui duite rakyat mung kanggo keperluane dewe lek wis pemilu ngemis-ngemis suarane wong cilik coblos iki coblos iku mengko tak wenehi imbalan gombal kabeh ngapusi…..wis mumet aku ndelok polah tingkahe wong politik, neng omah wae ngaretne sapi lemu iso di dol duite kanggo tuku minyak tanah sing wis larang tenan. matur suwun Hidup Indonesia hancur pembohong

    Comment by sugiary — June 4, 2008 @ 2:35 am

RSS feed for comments on this post.

Leave a comment

Line and paragraph breaks automatic, e-mail address never displayed, HTML allowed: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <code> <em> <i> <strike> <strong>



Anti-spam measure: please retype the above text into the box provided.


Anti-spam measure: please retype the above text into the box provided.