Jan Jane sopo sing bodho? Wong Tani po gopermen?

February 2, 2008

Ra kepikiran aku nulis judul neng nduwur, soale aku yo ora kroso aku nek bodho, opomaneh ngarani aku pinter,
Lha wong mbah atmo glendem ki mung protholan SR, nganti tekan kelas 3. Njur tau sekolah kejar paket a, tapi lali tekan tingkat piro.

Aku dewe bingung sak bingung bingune karo gopermen saiki. Lha piye ra gawe bingung ku, Jare tiap tahun negoro utowo gopermen nekak ke kedhele soko negoro monco, sak pirang pirang cacahe, kanggo
nutup kekurangan kebutuhan kedhele sing jarene (mbuh genahe, wong aku yo mung ngrungokke ae, lan ora nganti ngliping korane)tiap tahun ra kurang seko 1 juta ton kurang… biyuh byuh .
Jumlah semono kuwi kudu ditekakke (boso kasare kudu dituku nganggo duwit) neng amerika kono. Lha jamak lumrahe, nek jumlah barang iku kurang neng pasaran , kudune rak regane neng pasar "apik", maksudku regone kedhele neng pasar kudune apik, nanging opo sing ono neng kasunyatan?
Kedhele sing tak tandhur regane ra tau nganti apik, paling ngepol 3500 ewu sak kilone, iku ae lah ngedol nganti tekan njobo ndeso. Dadi,Mbah Atmo glendem (aku dewe), trus wong wong tani kabeh wegah to, mbelan-mbelani nandur dhele, lha wong regane elek, tur nandure yo ora gampang (nandur kedhele iku gampang kenek uler, lan nek awak apes, wite kedhelene subur, nanging isine kopong)
Aluwung nandur jagung, utowo nandur kacang brol sing gampang  nandure, regane mesthi sak nduwure kedhele. Njur uwite kenek dienggo pakan sapi po wedus.

Lha, saiki sing bodho sopo yo? jare gopermen isine wong pinter pinter malah onok sing tulisan neng ngarep lan mburine jenenge sak renteng (mbuh, jenenge opo, jare iku jenenge gelar), onok sing Ir  (meh podho jeneng pari), Drs,  Msc, MT, MBA mbuh wuakeh sampek aku bingung, (opo iki brarti sing nggowo jeneng mau arepe ngetok-ake jenis pari anyar ngono?). Trus pintere ngendi yo?
Kudune gopermen iku yo ngerti rego neng ngisoran, rego sing sak temen temene, rego sing sak bener benere, njur iso ngrekodoyo, piye amrih wong tani seneng nandur kedhele (kerana regone apik, rabuk lan anti hama cumepak kanthi rego terjangkau, lsp), lan akhire negoro gak usah ngimpor ngimpor kedhele.

Lha, nek koyok saiki ngene iki, kuabeh bubrah kabeh. Piye ora bubrah, wong keadaane koyok ngene :
1. Wong tani wegah nandur kedhele, mergo regone yo ra apik, nandure angel, tur umpamane nandur, nek panen, regone yo mesthi kalah karo sing jenis impor, ujude barang ugo kalah karo barang impor, dadi masiyo nandur yo percuma, akhire konsumen milih kedhele impor sing luwih gedhe2 (padahal asile soko opo kuwi, trans genetik utowo opo kuwi).
2. Wong Jowo lan Endonesia senengane jek mangan tempe tahu, njur dhele ne seko sopo?
3. Saben tahun, gopermen ngguwak duwit kanggo nukoni kedhele sing arepe dienggo nutup kebutuhan neng Endonesia, cacahe nek di kurs ne neng rupiah, iso puluhan milyar.
4. Saiki malah wong sipit2, wong sopot2, wong sepet2 dho digampangke ngimpor kedhele, malah ra kenek pajek babar blas, alias pokoke mlebu metu pelabuhan nek diomong iku dhele, yo ra ditarik pajek (penak tenan), Lan elingo, sing iso ngatur rego rak yo importir iki, seko kono regane piro, teko kene regane piro, mung Gusti karo importire dewe sing ngerti. (mumet pokoke.)
5. Tekan mangsane saiki wong kene tuku kedhele , raiso mangan tempe nek ora tuku nganggo dollar, Duwit sapirang pirang mung diweneh ne neng wong amerika sing kerep di pisuh pisuhi mahasiswa, dipisuh pisuhi demonstrans anti Israel, (tapi bar pisuh pisuh, bengak bengok demo, nek wes luwe njur mangan neng warteg, nek gak onok tempe ora marem, jur lali, nek tempe iku mau yo teko sing dipisuhi mau :) )
6. Lha umpama saiki, negoro niat mbangun wong tani, nulungi wong tani, kudune yo:
                    1. Piye amrih regane kedhele apik, wong wong dho nandur kedhele , njur devisa negoro ora diguwak neng ngendi ngendi, iso di enggo mbangun sekloha sekolah, menehi subsidi sekolah ben sekolah ra mbayar babar blas alias gratis
                    2. Wong tani di cepakne winih winih kedhele sing unggul, sing hasile ora kalah karo kedhele tukon seko amerika, ben mengko nek panen ora kangelan ngedole
                    3. Nek jek wedi karo wong tani, (wedi nek mengko disilihi duwit njur digowo mlayu, padahal, malah wong cilik iku paling disiplin nek babagan utang, ra koyo cino cino bajingan sing nggowo mlayu duwit nganti trilyunan  kae), bentuk sumbangane diwujudne bibit wae, ojo duwit.
                    4. Di cepakke ugo, penunjang penunjang liyane, koyok penyuluh2 pertanian kanggo ngancani wong tani nandur kedhele, ben hasile apik. Ugo rabuk lan anti homo penyakit ugo dicepakke, minimal neng pasaran gampang digoleki lan ora larang larang banget.
                    5. Impor kedhele dibatasi, ben wong tani ora mati.  Nek impor digedekne, sing gedhe wetenge yo mung importir importir kae.
                    6. Di data, daerah daerah sing potensi kanggo nandur dhele iku diupayakke iso nandur dhele meneh, lan ora nandur komodtas liyane sing " ora pati perlu" utowo "ora dipangan bendino karo wong akeh"
                    7.Aku dhewe haqul yakin, duwit sing diguwak guwak kanggo impor kedhele iku nek di enggo mbantu wong cilik ben iso nandur kedhele dewe kanthi apik lan hasil sing apik , mesthi isih luwih, utowo cukup. Njur saiki sing dibelani sopo? wong cilik po importir????
                    8. Malahan, iso gawe lapangan kerjo anyar, negoro iso ngrekrut tenogo tenogo anyar kanggo penyuluh, dadine duwit ora mung gawe nyugihake sabagian wong wae.
                    9. Nek kabeh iku ora iso dilaksanakke, yo, kari ngenteni matine wong cilik.Wong cilik, wong tani saiki podho sambat, tapi sambate ora tau dirungokne, mung dirungokne pas  kampanye thok !!, Nek musim ngene iki, gak onok sing kenek diandalke,
                       wong tani aluwung nyekolahke anake wae, ben mengko ora dadi wong tani meneh (kanggone wong tani sing sugih), lan akeh wong tani sing nyekolahke anake neng penampungan penampungan TKI, njur budhal dadi TKI neng Arab lan Malingsial, ben tetep iso mangan.
                    10. Lha nek, awak kepenak lan ora apes, tiap 3 wulan pisan iso dikirimi anake duwi ringgit utowo riyal, kenek kanggo tyku sapi lan mbangu omah
                    11. Nek lagi apes, paling paling yo mulih kari mayit, mati. Malah kadang mulih awak bengep loro kabeh, kadang edan kerana diajar majikane, Tapi yo iku resikone wong cilik.
                    12. Intine, wong tani saiki wes entek roso wedine, isine wani mati, wani budhal dadi TKI yo wani mati, lha ora onok sing sio diandalke seko sawahe.

mugo mugo gopermen ora bodho bodho nemen….
mugo mugo… ayo kanca podho ndedonga….Fatihah ping 3x…

Mbah Atmo Glendem

4 Comments »

The URI to TrackBack this entry is: http://bosojowo.blogsome.com/2008/02/02/jan-jane-sopo-sing-bodho-wong-tani-po-gopermen/trackback/

  1. la sakjane menurut pean sopo!!

    Comment by khuclukz — February 2, 2008 @ 10:09 am

  2. aku yo melu bingung. tahu pirang-pirang dino ora biso nemu tempe. lha mangan yen ora nganggo tempe rasane kurang. mugo-mugo gopermen ora lali piye rasane kedhele.

    Comment by kanghawi — February 2, 2008 @ 10:27 am

  3. @Khuclux

    Ketoke gopermen bodho (nganggo ngepoll)

    @kanghawi
    gopermen wes lali kang, soale wes ra tau gelem mangan tempe meneh

    Comment by Mbah atmo Glendem — February 2, 2008 @ 12:11 pm

  4. Wayangan wae yuk?
    Klik : www.javawayang.com
    dijamin asyik, pilih lakon lan dalang sapa wae ana.
    Salam,
    hartono

    Comment by hartono — June 3, 2008 @ 5:52 pm

RSS feed for comments on this post.

Leave a comment

Line and paragraph breaks automatic, e-mail address never displayed, HTML allowed: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <code> <em> <i> <strike> <strong>



Anti-spam measure: please retype the above text into the box provided.


Anti-spam measure: please retype the above text into the box provided.