Njajal Blogsome
Iki aku lagi njajal blog neng blogsome. Mbuh piye apik pora, aku durung iso mbandingne, lha wong lagi ae njajal kok
. Nek pengalamanku sing mbiyen mbiyen, jane platform utowo model blog sing paling tak senengi lan ugo disenengi akeh wong yo wordpress, cuman masalahe, nek wordpress ra iso dienggo golek recehan. Padahal kan wong butuh duwit, sanajan mung receh (recehan nek sakarung yo akeh to?)
Tapi ketoke, soko tampilane blogsome iki, kok meh podho karo wordpress yo (dasar aku wong tani utun ra njowo bab platform platforman, pokoke muni
)? Tapi mbuh h, sing penting dijajal disik, trus mengko lagi iso ngomentari. Sing penting rak iso nulis tur njur di bayari karo mbah gogel. Lumayan kenek ditabung di enggo tuku wedhus babon. Njur mengko manak, nek manak lanang tak jenengke :gogon, nek weduse wedok dadi gogonwati…

apikan..threesome mbah..
Comment by datyo — April 29, 2008 @ 9:15 am
@kang datyo
threesome iku opo to kang? opo podho karo tri in wan neng batavia kae??
Comment by Mbah atmo Glendem — April 30, 2008 @ 12:43 am