Tibake

February 1, 2008

Tibake…

nganggo blogsome puenak polll, malah iso dienggo blajar sithik sithik babagan boso xml lan ngedit ngedit 

- ah mosok mbah?

+ dikandani kok ra percoyo

Iyo tenan kie, aku wes mbuktekne, tibake blogsome luwih pepak tinimbang blogspot, utowo wordpress.com sing gualak neng babagan golek receh. 

- padahal podho podho nganggo wordpresse yo mbah? wah mending neng kene..

+ halah, jo protes, wong kabeh yo barang wewehan ae kok  :)  

Dadine, ketoke, aku, mbah atmo glendem, luwih kepenak neng kene ki, rodok adem lan ayem, kanggo golek recehan ugo yo rasah wedi wedi. Mugo mugo blog iki migunani yoo, lan siji sing penting…..Tuku wedusss

- halah, mbah mbah, sing dipikir kok wedus ae, kapan mikir negoro?

+ negoro wes neng sing mikir, malah wedus ae sing durung dipikir,aku wedi malah mengko njur wedus yo dipikiri negoro, malah dadi pangane tikus tikus, njur malah kedadeane koyok dhele sing runyam kuwi. 

Njajal Blogsome

   Iki aku lagi njajal blog neng blogsome. Mbuh piye apik pora, aku durung iso mbandingne, lha wong lagi ae njajal kok :) . Nek pengalamanku sing  mbiyen mbiyen, jane platform utowo model blog sing paling tak senengi lan ugo disenengi akeh wong yo wordpress, cuman masalahe, nek wordpress ra iso dienggo golek recehan. Padahal kan wong butuh duwit, sanajan mung receh (recehan nek sakarung yo akeh to?)

     Tapi ketoke, soko tampilane blogsome iki, kok meh podho karo wordpress yo (dasar aku wong tani utun ra njowo bab platform platforman, pokoke muni :) )? Tapi mbuh h, sing penting dijajal disik, trus mengko lagi iso ngomentari. Sing penting rak iso nulis tur njur di bayari karo mbah gogel. Lumayan kenek ditabung di enggo tuku wedhus babon. Njur mengko manak, nek manak lanang tak jenengke :gogon, nek weduse wedok dadi gogonwati… :)

 

 

 

     

 

sugeng rawuh, Mugi Slamet sedoyo lan Tansah kaparingan kabagyan

Wonten ing blog niki, kuo badhe ngangge boso campuran, antaranipun boso ngoko andhap, ngoko, lan krama…

 

umpami wonten  klenta-klentunipun atur kulo ing blog meniko, kulo nyuwun gunging pangaksami nggih??