Negoro Rusak

February 28, 2008

Mbuh iki, negoro arepe di gawa neng ngendi? Lha saiki para anggota DPR sing terhormat, malah gawe ada ada,

saiki arepe digawe aturan, bekas bromocorah bekas wong ukuman  oleh dadi anggota dewan lan oleh dipilih.

 

lha nek panemuku, lha wong tonggoku wae, siang arepe nglamar dadi tukang parkir neng mall, kudu nggawe SKKB, kudu ora pernah diukum.

Lha saiki , wong sing arepe gawe aturan, arepe gawe regulasi, kok malah wong sig wes pernah ke ukum, wes tau nglakoni pegawean sing ora bener lan diukum, kok malah dipromosi dadi anggota dewan lan oleh kepilih…

Opo ben mengko, nek kepilih, ben iso nyolong meneh, korupsi meneh lan sing ada ada, sing usul aturan iki (ngolehi wong bekas ukuman oleh dadi dewan) njur di wenehi bagean???

 

ketoke ngono, tulung tinulung mring podho podho malinge :)  

 

 

Rasah Numpak Baswe neng Jakarta!!

February 2, 2008

    Nek Sampeyan kabeh tau dolan neng jakarta, mesthi pertama arepe ndelok tugu monas. Trus poto poto neng ngarepe, trus di apdrekne, trus dipamerke neng tonggo teparo lan ujar " ki lo, aku wes tekan jakarta, buktine iki, potoku neng tugu monas"——-> yo pora?? ngaku nek iyo!

    Tapi, sing paling gawe miris atiku (soale aku weruh bendino), Jakarta soyo ra karu karuan.

Nek udan paling mung 3 jam wae, macete mesthi dowo, dawane ngalah ngalahi pawai suronan neng nggonku deso. Mobil roda papat dho dipasangi emblem, gambare lambang garuda kuning, sing kerep dienggo poro anggota wakil rakyat, tapi klakuane koyok wedus kabeh… srogal srogol,. Lha piye ora koyo wedhus,  nek mobile onok templekane garuda kuning iku, utowo plate nomer onok B **** BP, onok BP ne utowo, B**** BS, mesthi koyok wedus, (ora kabeh tapi). Rambu tanda ora oleh puter balik utowo belok, gampang ae mobil plat nomer iku mak klinger, belok sak karepe dewe, padahal mburine dho ngenteni dowo… Duh Gusti !!

 Meneh, saiki Jamane Kang Fauzi Bowo, sing jare wes ahli, malah ora ahli blass, (mbuh ahli opo, aku ra ngerti)

Lha piye, lha dalan Busway sing kudune seteril, khusus kanggo dalan bis baswe, saiki diolehi dilewati mobil pribadi, montor pribadi.

Aku mesakke wong wong sing wes susah susah tuku tiket baswe, kudu melu macet, soale dalane dibeki metromini, montor lan mobil pribadi. Lha ngene ki pora podho wae ndolimi wong liyan, sing nduwe hak lewat dalan baswe mau.

Mungkin, kebijakane Fauzi iku goro2 Fauzi ra tau numpak Baswe, numpak ae paling2 mung arang kading tur wes di cepake ben ra macet….

Njur , sing bodho sopo yo?…. 

Mugo2 wong2 sing dho pengguna baswe ora dho ndongakne sing elek elek kanggo Fauzi iki.

Nanging, penjalukku, kudune Fauzi yo tegas, ra uclak ucluk, plenta plente… bedo karo Sutiyoso

Nek baswe yo baswe, kanggone baswe, ra kakehan aturan sing sumir.

Nek tetep koyok ngene, mending sampeyan kabeh numpak mobile dewe2, lan pesenku ojo sedan, mending jip ae hartop, ben bebas banjir. Njur rame rame lewat dalan baswe….Mumpung oleh.

 

Lan ojo numpak Baswe neng Jakarta, PODHO Wae Hasile.. 

 

Jan Jane sopo sing bodho? Wong Tani po gopermen?

Ra kepikiran aku nulis judul neng nduwur, soale aku yo ora kroso aku nek bodho, opomaneh ngarani aku pinter,
Lha wong mbah atmo glendem ki mung protholan SR, nganti tekan kelas 3. Njur tau sekolah kejar paket a, tapi lali tekan tingkat piro.

Aku dewe bingung sak bingung bingune karo gopermen saiki. Lha piye ra gawe bingung ku, Jare tiap tahun negoro utowo gopermen nekak ke kedhele soko negoro monco, sak pirang pirang cacahe, kanggo
nutup kekurangan kebutuhan kedhele sing jarene (mbuh genahe, wong aku yo mung ngrungokke ae, lan ora nganti ngliping korane)tiap tahun ra kurang seko 1 juta ton kurang… biyuh byuh .
Jumlah semono kuwi kudu ditekakke (boso kasare kudu dituku nganggo duwit) neng amerika kono. Lha jamak lumrahe, nek jumlah barang iku kurang neng pasaran , kudune rak regane neng pasar "apik", maksudku regone kedhele neng pasar kudune apik, nanging opo sing ono neng kasunyatan?
Kedhele sing tak tandhur regane ra tau nganti apik, paling ngepol 3500 ewu sak kilone, iku ae lah ngedol nganti tekan njobo ndeso. Dadi,Mbah Atmo glendem (aku dewe), trus wong wong tani kabeh wegah to, mbelan-mbelani nandur dhele, lha wong regane elek, tur nandure yo ora gampang (nandur kedhele iku gampang kenek uler, lan nek awak apes, wite kedhelene subur, nanging isine kopong)
Aluwung nandur jagung, utowo nandur kacang brol sing gampang  nandure, regane mesthi sak nduwure kedhele. Njur uwite kenek dienggo pakan sapi po wedus.

Lha, saiki sing bodho sopo yo? jare gopermen isine wong pinter pinter malah onok sing tulisan neng ngarep lan mburine jenenge sak renteng (mbuh, jenenge opo, jare iku jenenge gelar), onok sing Ir  (meh podho jeneng pari), Drs,  Msc, MT, MBA mbuh wuakeh sampek aku bingung, (opo iki brarti sing nggowo jeneng mau arepe ngetok-ake jenis pari anyar ngono?). Trus pintere ngendi yo?
Kudune gopermen iku yo ngerti rego neng ngisoran, rego sing sak temen temene, rego sing sak bener benere, njur iso ngrekodoyo, piye amrih wong tani seneng nandur kedhele (kerana regone apik, rabuk lan anti hama cumepak kanthi rego terjangkau, lsp), lan akhire negoro gak usah ngimpor ngimpor kedhele.

Lha, nek koyok saiki ngene iki, kuabeh bubrah kabeh. Piye ora bubrah, wong keadaane koyok ngene :
1. Wong tani wegah nandur kedhele, mergo regone yo ra apik, nandure angel, tur umpamane nandur, nek panen, regone yo mesthi kalah karo sing jenis impor, ujude barang ugo kalah karo barang impor, dadi masiyo nandur yo percuma, akhire konsumen milih kedhele impor sing luwih gedhe2 (padahal asile soko opo kuwi, trans genetik utowo opo kuwi).
2. Wong Jowo lan Endonesia senengane jek mangan tempe tahu, njur dhele ne seko sopo?
3. Saben tahun, gopermen ngguwak duwit kanggo nukoni kedhele sing arepe dienggo nutup kebutuhan neng Endonesia, cacahe nek di kurs ne neng rupiah, iso puluhan milyar.
4. Saiki malah wong sipit2, wong sopot2, wong sepet2 dho digampangke ngimpor kedhele, malah ra kenek pajek babar blas, alias pokoke mlebu metu pelabuhan nek diomong iku dhele, yo ra ditarik pajek (penak tenan), Lan elingo, sing iso ngatur rego rak yo importir iki, seko kono regane piro, teko kene regane piro, mung Gusti karo importire dewe sing ngerti. (mumet pokoke.)
5. Tekan mangsane saiki wong kene tuku kedhele , raiso mangan tempe nek ora tuku nganggo dollar, Duwit sapirang pirang mung diweneh ne neng wong amerika sing kerep di pisuh pisuhi mahasiswa, dipisuh pisuhi demonstrans anti Israel, (tapi bar pisuh pisuh, bengak bengok demo, nek wes luwe njur mangan neng warteg, nek gak onok tempe ora marem, jur lali, nek tempe iku mau yo teko sing dipisuhi mau :) )
6. Lha umpama saiki, negoro niat mbangun wong tani, nulungi wong tani, kudune yo:
                    1. Piye amrih regane kedhele apik, wong wong dho nandur kedhele , njur devisa negoro ora diguwak neng ngendi ngendi, iso di enggo mbangun sekloha sekolah, menehi subsidi sekolah ben sekolah ra mbayar babar blas alias gratis
                    2. Wong tani di cepakne winih winih kedhele sing unggul, sing hasile ora kalah karo kedhele tukon seko amerika, ben mengko nek panen ora kangelan ngedole
                    3. Nek jek wedi karo wong tani, (wedi nek mengko disilihi duwit njur digowo mlayu, padahal, malah wong cilik iku paling disiplin nek babagan utang, ra koyo cino cino bajingan sing nggowo mlayu duwit nganti trilyunan  kae), bentuk sumbangane diwujudne bibit wae, ojo duwit.
                    4. Di cepakke ugo, penunjang penunjang liyane, koyok penyuluh2 pertanian kanggo ngancani wong tani nandur kedhele, ben hasile apik. Ugo rabuk lan anti homo penyakit ugo dicepakke, minimal neng pasaran gampang digoleki lan ora larang larang banget.
                    5. Impor kedhele dibatasi, ben wong tani ora mati.  Nek impor digedekne, sing gedhe wetenge yo mung importir importir kae.
                    6. Di data, daerah daerah sing potensi kanggo nandur dhele iku diupayakke iso nandur dhele meneh, lan ora nandur komodtas liyane sing " ora pati perlu" utowo "ora dipangan bendino karo wong akeh"
                    7.Aku dhewe haqul yakin, duwit sing diguwak guwak kanggo impor kedhele iku nek di enggo mbantu wong cilik ben iso nandur kedhele dewe kanthi apik lan hasil sing apik , mesthi isih luwih, utowo cukup. Njur saiki sing dibelani sopo? wong cilik po importir????
                    8. Malahan, iso gawe lapangan kerjo anyar, negoro iso ngrekrut tenogo tenogo anyar kanggo penyuluh, dadine duwit ora mung gawe nyugihake sabagian wong wae.
                    9. Nek kabeh iku ora iso dilaksanakke, yo, kari ngenteni matine wong cilik.Wong cilik, wong tani saiki podho sambat, tapi sambate ora tau dirungokne, mung dirungokne pas  kampanye thok !!, Nek musim ngene iki, gak onok sing kenek diandalke,
                       wong tani aluwung nyekolahke anake wae, ben mengko ora dadi wong tani meneh (kanggone wong tani sing sugih), lan akeh wong tani sing nyekolahke anake neng penampungan penampungan TKI, njur budhal dadi TKI neng Arab lan Malingsial, ben tetep iso mangan.
                    10. Lha nek, awak kepenak lan ora apes, tiap 3 wulan pisan iso dikirimi anake duwi ringgit utowo riyal, kenek kanggo tyku sapi lan mbangu omah
                    11. Nek lagi apes, paling paling yo mulih kari mayit, mati. Malah kadang mulih awak bengep loro kabeh, kadang edan kerana diajar majikane, Tapi yo iku resikone wong cilik.
                    12. Intine, wong tani saiki wes entek roso wedine, isine wani mati, wani budhal dadi TKI yo wani mati, lha ora onok sing sio diandalke seko sawahe.

mugo mugo gopermen ora bodho bodho nemen….
mugo mugo… ayo kanca podho ndedonga….Fatihah ping 3x…

Mbah Atmo Glendem

Tibake

February 1, 2008

Tibake…

nganggo blogsome puenak polll, malah iso dienggo blajar sithik sithik babagan boso xml lan ngedit ngedit 

- ah mosok mbah?

+ dikandani kok ra percoyo

Iyo tenan kie, aku wes mbuktekne, tibake blogsome luwih pepak tinimbang blogspot, utowo wordpress.com sing gualak neng babagan golek receh. 

- padahal podho podho nganggo wordpresse yo mbah? wah mending neng kene..

+ halah, jo protes, wong kabeh yo barang wewehan ae kok  :)  

Dadine, ketoke, aku, mbah atmo glendem, luwih kepenak neng kene ki, rodok adem lan ayem, kanggo golek recehan ugo yo rasah wedi wedi. Mugo mugo blog iki migunani yoo, lan siji sing penting…..Tuku wedusss

- halah, mbah mbah, sing dipikir kok wedus ae, kapan mikir negoro?

+ negoro wes neng sing mikir, malah wedus ae sing durung dipikir,aku wedi malah mengko njur wedus yo dipikiri negoro, malah dadi pangane tikus tikus, njur malah kedadeane koyok dhele sing runyam kuwi. 

Njajal Blogsome

   Iki aku lagi njajal blog neng blogsome. Mbuh piye apik pora, aku durung iso mbandingne, lha wong lagi ae njajal kok :) . Nek pengalamanku sing  mbiyen mbiyen, jane platform utowo model blog sing paling tak senengi lan ugo disenengi akeh wong yo wordpress, cuman masalahe, nek wordpress ra iso dienggo golek recehan. Padahal kan wong butuh duwit, sanajan mung receh (recehan nek sakarung yo akeh to?)

     Tapi ketoke, soko tampilane blogsome iki, kok meh podho karo wordpress yo (dasar aku wong tani utun ra njowo bab platform platforman, pokoke muni :) )? Tapi mbuh h, sing penting dijajal disik, trus mengko lagi iso ngomentari. Sing penting rak iso nulis tur njur di bayari karo mbah gogel. Lumayan kenek ditabung di enggo tuku wedhus babon. Njur mengko manak, nek manak lanang tak jenengke :gogon, nek weduse wedok dadi gogonwati… :)

 

 

 

     

 

sugeng rawuh, Mugi Slamet sedoyo lan Tansah kaparingan kabagyan

Wonten ing blog niki, kuo badhe ngangge boso campuran, antaranipun boso ngoko andhap, ngoko, lan krama…

 

umpami wonten  klenta-klentunipun atur kulo ing blog meniko, kulo nyuwun gunging pangaksami nggih??